Minggu, 17 September 2017

Ngelangut...
Nakokake sepi
Apa ana janji kang bakal cidra
Kekarepan kang adoh saka nyata

Semiliring angin angumbara
Ananing rasa
Tuwuh tresna
Mekar ing asmara

Wengi sejatine andarbeni
Ati kang nandang lara lapa

Gegayuhanku mung sliramu
Tak impi rina lan wengi
Katembang ing panyuwun lan kidung wuyungku
Mugi kapireng dumateng Gusti Kang Murbeng Dumadi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Rindu Sawah

" Diresiki sik yo pah. Terus dioles obat." " Iyo wes ayo. Nang njobo ae ben terang." Aya bergegas mengambil spray pe...